Sabtu, 25 April 2015

Bahasa Jawa


Unggah-ungguhing Basa Jawa (Jawa Tengah khususnya) adalah etika sopan santun dalam menggunakan bahasa terhadap orang yang diajak bicara. Ini menandakan bahwa orang Jawa jaman dahulu selalu berhati-hati dalam berbicara kepada siapapun, mulai dari berbicara kepada anak-anak sampai para pejabat atau penguasa. Sebagai contoh dalam bahasa Indonesia siapapun yang makan meski itu Presiden penggunaan katanya tetap saja makan. Berbeda dengan bahasa Jawa, penggunaan kata "makan" untuk pejabat atau orang yang dihormati menjadi "dhahar". Sedangkan jika yang makan teman sebaya atau orang yang usianya lebih muda, maka bisa disebut "mangan" atau "maem". 

Di bawah ini disajikan contoh sebuah kalimat dalam beberapa gaya bahasa yang berbeda-beda ini.

Bahasa Indonesia: 
"Maaf, saya mau tanya rumah Kak Budi itu, di mana?"
 
Ngoko kasar: 
“Eh, aku arep takon, omahé Budi kuwi, nèngndi?"
Ngoko Alus: 
“Aku nyuwun pirsa, dalemé mas Budi kuwi, nèng endi?” 

Ngoko meninggikan diri sendiri: 
“Aku kersa ndangu, omahé mas Budi kuwi, nèng ndi?”  
(ini dianggap salah oleh sebagian besar penutur bahasa Jawa karena menggunakan leksikon krama inggil untuk diri sendiri)

Madya: 
“Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, griyané mas Budi niku, teng pundi?” 
(ini krama desa (substandar))

Madya Alus:
“Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, dalemé mas Budi niku, teng pundi?” 
(ini juga termasuk krama desa (krama substandar))

Krama Andhap: 
“Nuwun sèwu, dalem badhé nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?” 
(dalem itu sebenarnya pronomina persona kedua, kagungan dalem 'kepunyaanmu'. Jadi ini termasuk tuturan krama yang salah alias krama desa)

Krama Lugu: 
“Nuwun sewu, kula badhé takèn, griyanipun mas Budi punika, wonten pundi?”

Krama Alus :
“Nuwun sewu, kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?”

Sedikit keluar dari pokok bahasan. Kosakata Jawa memang unik dan bermacam-macam. Sebagai contoh, dalam bahasa Indonesia ataupun bahasa Inggris nama daun apapun tetap disebut daun. Tetapi lain dengan bahasa Jawa, daun memiliki nama sendiri, misalnya daun asem bernama Sinom, daun pisang yang kering disebut klaras. Begitupun dengan nama biji, buah yang masih muda, anak hewan dan sebagainya.  

Nah, untuk kali ini akan dibahas etika penggunaan bahasa Jawa atau orang Jawa mengatakan unggah-ungguhing basa. Agar lebih relevan digunakan Bahasa Jawa he he...

Miturut cak-cakane, basa Jawa diperang dadi 3, yaiku :
1. Basa Ngoko
2. Basa Madya
3. Basa Krama

Kejaba telung werna iku, isih ana maneh, yaiku :
1. Basa Kedhaton
2. Basa Kasar

A. Basa Ngoko

Basa ngoko yaiku basa wong kang ora pati ngurmati marang wong kang diajak guneman. Dene panganggone basa ngoko kwi mau yaitu :

1. Marang sepadha-padha kang wis kulina banget.
2. Marang wong kang kaprenah nom (anak, putu, murid, pramu wisma, bojo, wong cilik, sedulur nom).
3. Yen ngundika, yaiku guneman dhewe utawa celathu sajroning ati.

Basa ngoko ana rong (2) warna, yaiku :

1. Ngoko lugu


Wujude tembung ngoko ora ana tembunge kang krama inggil tumrap wong kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong kang digunem.

Kanggone : omongane bocah karo bocah sing kulina, omongane wong tuwa karo wong enom yen lagi ngunandika.

Tuladha omongane bocah karo bocah sik wis kulina :
  • "Kowe  arep menyang ngendi, Di?"
  • "Aku mengko dak dolan menyang nggonmu, ya?"
Tuladha omongane wong tuwa marang anak :
  • "Ti, yen arep turu sikatan dhisik!"
  • "Nik, jupukna buku iki!"
Tuladha omongane wong ngunandika utawa ngomong dhewe :
  • "Kapan ya aku duwe sepedha mini?"
  • "E, mbok Giyarti dolan rene, ya."

2. Ngoko andhap


Yaiku basa ngoko kang alus utawa luwih ngajeni. Wujude yaiku basa ngoko kanthi tembung krama inggil tumrap wong kang dijak guneman.

Kanggone : ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune, bisa uga kangmas utawa mbak marang adhik kang diajeni marga pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa.

Tuladha ibu marang bapak :
  • "Pak, yen arep dhahar wis dak tata ana ing meja."
  • "Yen sida tindak nitih bis wae, Pak."
Tuladha adhi marang kangmase utawa kangmas marang adhine :
  • "Mas, yen kersa mengko dak ampiri mriksani bioskop."
  • "Dhik, iki lho dakcaosi oleh-oleh saka Sala."
Tuladha anak marang wong tuwane :
  • "Ibu gerah, kok aras-arasen?"
  • "Bu, yen arep tindak dakterake."
 
B. Basa Madya

Wujude basa ngoko kacampuran basa krama utawa krama kacampuran ngoko. Basa madya iku pancen kurang taklim (kurang ngajeni) winimbang basa krama. Tetembungane luwih cekak lan luwih prasaja. Ater-ater di- lan panambang -ake ora dikramakake. Tembung kowe dadi dika, samang.

Dene kang lumrah, nganggo basa krama madya iku kayata :
1. Wong kang ora/kurang mangreti ing sastra marang sapadhane.
2. Wong kang ngreti ing sastra marang wong kang kurang ngreti sastra.
3. Kanca karo kanca kang kulina nanging isih ajen-ingajen.

Miturut wujude, tembung kena kabedakake dadi telung warna, yaiku :
1. Madya Ngoko
2. Madyantara
3. Madya Krama

Tuladha :
  • Pak Bayan : "Pak, oleh dika adol bakso niku arak empun suwe banget."
  • Bakul bakso : "Empun, Mas. Ayake enggih empun limolas tahun."

C. Basa Krama

Basa krama iku basa kang taklim, tegese ngajeni marang wong sing diajak guneman. Basa krama kabedakake dadi limang warna, yaiku :
 

1. Mudha Krama
2. Wredha Krama
3. Kramantara
4. Krama Inggil
5. Krama Desa

1. Mudha krama
 
Kang diarani mudha krama iku basane wong enom marang wong tuwa utawa kang sapadhane. Dene wujude yaiku tembung krama nganggo ater-ater krama lan panambang krama. Kang lumrah nganggo basa mudha krama yaiku : anak marang wong tuwane, murid marang gurune, kanca padha kanca kang durung pati kulina.
Tuladha :

  • Ari : "Lho, Adi badhe tindak dhateng pundi?"
  • Adi : "Badhe dhateng Klaten, dipuntimbali eyang."

2. Wredha krama

Basa wredha krama awujud tembung krama nganggo ater-ater di- lan panambang -e, -ake lan ora kamomoran tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Kang lumrah nganggo basa wredha krama yaiku : pemimpin marang andhahane, wong kang sababag kalungguhane naging yen sing diajak guneman menang tuwa.

Tuladha :
"Pinten regine? Angsale ngawis dikinten-kinten boten langkung saking Rp 1.000.00."


D. Krama Inggil
 
Basa krama inggil iku basa kang ngajeni banget. Wujudte kaya basa mudha krama, kaceke panambang -mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan sapanunggalane.


Tembung-tembung kang dikramakake inggil kayata peranganing awak, kriya, solah bawa, panganggo utawa barang darbe, kahananing awak lan sapanunggalane.


Tuladha :
- tangan (ngoko) : asta (krama inggil)
- mangan (ngoko) : dhahar (krama inggil)
- njoged (ngoko) : mbeksa (krama inggil)

 

Yen ana tembung sing kudu disalini krama inggil, nanging kramane inggil ora ana, seing dienggo sok banjur tembung krama lugu.

Tuladha :
- Ndara pangeran lagi rembagan.


Manawa ngarani panganggo utawa barang darbe kang ora ana kramane lan kramane inggil, sok dipratelakake nganggo wuwuhan tembung agem, kagungan.

Tuladha :
- agem dalem sepatu : sepatumu
- kagungan dalem sepatu : sepatumu
- kagungan panjenengan sepatu : sepatumu

 

Tembung krama inggil iku ora kena kanggo awak e dhewe. 

Tuladha :
- Kula badhe siram rumiyin (salah)
- Kula badhe adus rumiyin (bener)


E. Basa Kedhaton (Bagongan)
 
Basa Kedhaton mono basane para sentana lan abdining ratu jaman semana, yen padha caturan ana ngarsane ratu ing sajroning kedhaton. Wujudte basa Kedhaton iku tembung krama kang kamomotan tembung basa kedhaton tanpa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.

Ing ngisor iki ana tuladha sawatara basa kedhaton saka Surakarta lan Ngyogyakarta minangka dadi panreten bae.


- Kala wingi ing griya jengandika kados wonten tamu
- Boya, namung tuwi besaos margi kangen.

 
F. Basa kasar (Pisuhan)
 
Basa kasar iku basane wong kang lagi nepsu, kanggo srengen, padu. Wujude tembung basa kasar yaiku basa ngoko kawoworan tembung kasar tumraping kang dadi lelawane utawa sing diunen-uneni.

Sumber :
id.wikipedia.org
javaneseart-culture.blogspot.com
Grup FB : Kawruh Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar